Cerita
Cekak Bahasa Jawa: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu
Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning
alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah
ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori.
Pemburu ngetokke tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi. Ananging
sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi, marani Pemburu terus nggubet awake pemburu
nanggo tlalene. Si Pemburu diangkat
banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge
kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah. Si Pemburu mati kejegur njurang, nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge
kena tombake Pemburu. Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis
sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah
dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan
mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali
sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat nggawa loro-lorone. Kudu milih salah
siji. Saiki Prendis bingung arep milih
sing endi. Sungu Menjangan apik banget
yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning
kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa
ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan
jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau
ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan
meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo
Pasar Bantul.Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar
kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa
digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso
mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel
lega lila ngeculke salah siji. Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan
sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap
dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal
ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.
Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar
Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu.
Sumber : http://duniashinichi.blogspot.co.id/2012/11/cerita-cekak-bahasa-jawa-tukang-kayu.html
Sumber : http://duniashinichi.blogspot.co.id/2012/11/cerita-cekak-bahasa-jawa-tukang-kayu.html
Ide pokoknya apa?
BalasHapusironing hammer - titanium framing hammer - stainless steel
BalasHapusIroning 바카라 hammer fram titanium oil filter is a unique stainless steel citizen super titanium armor blade raw titanium design which titanium powder has been used for many years. Its unique features include: