Sesorah Atau Pidato Bahasa Jawa Kelulusan Sekolah
https://triutamih.wordpress.com/tag/perjalanan/
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Alhamdulillahi
robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal
mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.
Asyhadu
anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan
‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.
Allohumma
sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.
Bapak
Kepala SMA N 1 GODEAN ingkang kinurmaran, Bapak ibu guru saha karyawan
karyawati ingkang kula hormati, Rencang rencang ingkang kula tresnani, Sepindah
sumangga kita ngturaken puja puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang maha
kuasa lan tansah paring nikmat sarta hidayah saingga kita saged rawuh ing papan
menika tanpa alangan menapa-menapa.
Kula
wakil sangking siswa kelas 12 ngaturaken sak agengipun maturnuwun dumateng
bapak ibu guru, amargi sampun mbulawantah lan maringi kita ngelmu ingkang
manfaat sehingga kita saged lulus kanti hasil ingkang sae.
Kula lan
rencang rencang nyuwun pangapunten amargi kita mboten saget dumugi marang
sekolah maleh, kula lan rencang-rencang musti nglanjutaken sekolah ingkang
luwih inggil.
Kula lan
rencang-rencang nyuwun donga pangestunipun bapak ibu guru saha karyawan
karyawati supados kula lan rencang-rencang lancar anggenipun makarya utawi
nglanjutaken sekolah ingkah luwih inggil saengga cita-cita kula lan
rencang-rencang kula saged kawujud nyata.
Kita
ngertos ingkang gadah kathah lepat dateng bapak lan ibu guru sedaya, amargi
niku kula lan rencang-rencang nyuwun agungipun ngapunten sangking bapak ibu
guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula
menawi gadhah kwalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja. Mugi-mugi
bapak-ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.
Cekap
semanten ingkang saget kula aturaken menawi gadah lepat lan kurang kula nyuwun
ngapunten ingkang sanget.
Pitutur
kula tutup kanthi waosan matursuwun...
Wasalamualaikum Wr. Wb
Sumber : http://yakobusrw.blogspot.co.id/2015/01/contoh-pidato-bahasa-jawa-di-perpisahan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar