KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDING
KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING :
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
TULADHANIPUN UYON-UYON : LELAGON PANGATAK, LARAS PELOG PATHET ENEM
KAWRUH GAMELAN
Gamelan
inggih menika seni musik tetabuhan tradhisional asli
saking Indonesia utamanipun saking pulo Jawa, Madura,
Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih
menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan
menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh
tanpa tembang minangka klenengan.
Andharan
cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamlen :
1. Wujud Tebokan
Ricikan
gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi
dipunkebuk (kendhang).
2. Wujud Wilahan
Gamelan
ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung,
Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan
ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer.
Cara nabuhipun dipunthuthuk.
4. Wujud Pencon
Gamelan
ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang,
Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.
5. Wujud Kawatan
Gamelan
ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara n nabuh
Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
6. Wujud Pipa
Gamelan
ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling
dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
Sumber : http://edusiana.com/pemahaman-arti-dan-bagian-bagian-dari-uyon-uyon/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar