SESORAH BAHASA JAWA KELAS XI SEM 2
1. Pengertene
sesorah
Sesorah yaiku jlentrehna gagasan / ide pokok ing sangarepe wong
akeh.
2. Tujuane
sesorah
a. Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.
b. Kanggo menehi kabar utawa informasi marang
wong liyo.
c. Aweh panglipur.
d. Mbujuk supaya melu apa kang diandharake
pamicara.
3. Metode
sesorah
a. Metode naskah, yaiku metode kang digunakake
kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
b. Metode apalan, yaiku naskah sing wis dirancang
sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake.
c. Metode dadakan, yaiku metode kang ditindakake
ndadak tanpa nggawe naskah ndisik.
d. Metode ekstemporan, yaiku sesorah kanthi
nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo
sesorah.
4. Bab
wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik :
a. Basa
b. Busan
c. Wiramaning swara
d. Solah bawa / sikap
5. Unsure-unsur
sesorah
Unsure kang ana ing sesorah yaiku 5W + 1H.
6. Perangan
sesorah
a. Salam pambuka
b. Pambuka (purwaka basa)
- Atur pakurmatan
- Atur puja-puji
- Atur panuwun
c. Isi (surasa basa)
d. Panutup (wacana basa)
- Pangarep-arep
- Ngaturake luput
e. Salam panutup
7. Ciri – ciri wacana persuasif
a. Mbudidaya supaya sarujuk (satuju)
b. Proses supaya wong percaya lan bisa nampa kang
dikarepake penulis / celathu
c. Tansah ngendhani dredah
Sumber : http://irwantoadi926.blogspot.co.id/2016/01/materi-sesorah-bahasa-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar