Kamis, 11 Mei 2017

Cerita Cekak Bahasa Jawa

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu

Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene. Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu. Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.  Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji. Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu.

Sumber : http://duniashinichi.blogspot.co.id/2012/11/cerita-cekak-bahasa-jawa-tukang-kayu.html

Rabu, 10 Mei 2017

MATERI BAHASA JAWA "UYON-UYON LAN GAMELAN"


KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDING

KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING :
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
TULADHANIPUN UYON-UYON : LELAGON PANGATAK, LARAS PELOG PATHET ENEM



KAWRUH GAMELAN

Gamelan inggih menika  seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa tembang minangka klenengan.

Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud,  bahan, cara nabuh gamlen :
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur)               utawi dipunkebuk (kendhang).

2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang,                Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.

3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong,         Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.

 4. Wujud Pencon
Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong,                        Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.

5. Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara n             nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.

6. Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara                           ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.


Sumber : http://edusiana.com/pemahaman-arti-dan-bagian-bagian-dari-uyon-uyon/

MATERI SESORAH BAHASA JAWA KELAS XI SEM 2

SESORAH BAHASA JAWA KELAS XI SEM 2

    1.      Pengertene sesorah
Sesorah yaiku jlentrehna gagasan / ide pokok ing sangarepe wong akeh.
2.      Tujuane sesorah
a.       Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.
b.      Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.
c.       Aweh panglipur.
d.      Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara.
3.      Metode sesorah
a.       Metode naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
b.      Metode apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake.
c.       Metode dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah ndisik.
d.      Metode ekstemporan, yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
4.      Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik :
a.       Basa
b.      Busan
c.       Wiramaning swara
d.      Solah bawa / sikap
5.      Unsure-unsur sesorah
Unsure kang ana ing sesorah yaiku 5W + 1H.
6.      Perangan sesorah
a.       Salam pambuka
b.      Pambuka (purwaka basa)
-          Atur pakurmatan
-          Atur puja-puji
-          Atur panuwun
c.       Isi (surasa basa)
d.      Panutup (wacana basa)
-          Pangarep-arep
-          Ngaturake luput
e.       Salam panutup
7.      Ciri – ciri wacana persuasif
a.       Mbudidaya supaya sarujuk (satuju)
b.      Proses supaya wong percaya lan bisa nampa kang dikarepake penulis / celathu
c.       Tansah ngendhani dredah

 Sumber : http://irwantoadi926.blogspot.co.id/2016/01/materi-sesorah-bahasa-jawa.html

Sesorah Bahasa Jawa

Sesorah Atau Pidato Bahasa Jawa Kelulusan Sekolah

https://triutamih.wordpress.com/tag/perjalanan/

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.

Bapak Kepala SMA N 1 GODEAN ingkang kinurmaran, Bapak ibu guru saha karyawan karyawati ingkang kula hormati, Rencang rencang ingkang kula tresnani, Sepindah sumangga kita ngturaken puja puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang maha kuasa lan tansah paring nikmat sarta hidayah saingga kita saged rawuh ing papan menika tanpa alangan menapa-menapa.

Kula wakil sangking siswa kelas 12 ngaturaken sak agengipun maturnuwun dumateng bapak ibu guru, amargi sampun mbulawantah lan maringi kita ngelmu ingkang manfaat sehingga kita saged lulus kanti hasil ingkang sae.

Kula lan rencang rencang nyuwun pangapunten amargi kita mboten saget dumugi marang sekolah maleh, kula lan rencang-rencang musti nglanjutaken sekolah ingkang luwih inggil.

Kula lan rencang-rencang nyuwun donga pangestunipun bapak ibu guru saha karyawan karyawati supados kula lan rencang-rencang lancar anggenipun makarya utawi nglanjutaken sekolah ingkah luwih inggil saengga cita-cita kula lan rencang-rencang kula saged kawujud nyata.

Kita ngertos ingkang gadah kathah lepat dateng bapak lan ibu guru sedaya, amargi niku kula lan rencang-rencang nyuwun agungipun ngapunten sangking bapak ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula menawi gadhah kwalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja. Mugi-mugi bapak-ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi gadah lepat lan kurang kula nyuwun ngapunten ingkang sanget.

Pitutur kula tutup kanthi waosan matursuwun...
Wasalamualaikum Wr. Wb

Sumber : http://yakobusrw.blogspot.co.id/2015/01/contoh-pidato-bahasa-jawa-di-perpisahan.html

Pawartos Bahasa Jawa


Irah-irahan


Berita Bahasa Jawa 2017 Bencana Alam: Udan Angin, Puluhan Wit Ambruk
Diposkan oleh Sendra Tari di 20.41


                                






Teras

Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/ kutha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten sleman, dina kamis sonten (5/1/2017).


Kepala posko lapangan ing balai dhusun sumberadi, kecamatan mlati, Mayor Infantri Yacobus Totok Artono ngginemaken menawi dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.

"Griya ingkang risak yaiku 45 omah ing kecamatan mlati uga 22 unit ing kecamatan seyegan," ture Totok, jemuwah (6/1/2017).

Wos


Kedadosan kesebat kedadean ing sonten dinten menjelang dalu, mila upaya ingkang saget  piyambakipun tumindakake yaiku kaliyan numindakake pendataan lapangan.

Salajengipun, saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken ket jemuwah (6/1/2017) enjang ngantos sonten.

"Akhiripun, dinten niki (jemuwah) makempal 291 relawan saking kecamatan mlati. Tindakan ingkang dipuntumindakake skala prioritas enten ing griya warga ingkang terdampak lajeng uga akses radin ingkang ketutup wit," ngendikan Totok.

Ngantos jemuwah siyang, Totok nyabaraken menawi mboten enten laporan korban jiwa inggil kedadosan kesebat. Saleresipun, jawah angin ingkang ngakibataken wit ambruk kedadosan saben taun.
Pihake pun sampun numindakake upaya antisipasi kanthi sacara rutin numindakake sosialisasi datheng dhusun-dhusun mawi numindakake pemangkasan wit ingkang dipunanggep rawan.

"Kendalane nalika saking warga enten ingkang kewratan menawi wit dipangkas. Alasanne punika sumber pamanahan ekonomi piyambake sedaya, tuladhanipun wit mlinjo ingkang dipunginakaken konjuk pamanahan keluarga," bacute.

Sewentara punika, Manager Pusat Pengendali Operasi Penanggulangan Bencana (Pusdalops) BPBD DIY, Danang Samsurizal mertelakaken menawi dampak jawah angin ing DIY paling kathah wonten ing kabupaten sleman ingkang kedhawah ing 28 titik, kutha Yogyakarta ing 5 titik, Kabupaten Bantul Ing 1 titik, Kabupaten Gunungkidul ing 4 titik, lan Kabupaten Kulonprogo 2 titik.

"Konjuk wilayah k
utha Yogyakarta, kabupaten bantul, kabupaten kulonprogo uga kabupaten gunungkidul lajeng dipuntangani saking BPBD sapanggen," pajaripun.

Miturut data sementara ingkang katampi pihake, kecatet konjuk ing kutha Yogyakarta yakni ing Gondokusuman, Jetis, uga Tegalrejo masing-masing ngalami wit ambruk uga kabel PLN ingkang pedot.

Salajengipun ing Kabupaten Bantul yakni ing piyungan Bantul, wit ambruk ngembruki kalih griya warga. Sewentara ing Kabupaten Gunungkidul persis e ing Playen ugi ngalami wit ambruk.

Ing dina punika jawah dipunmaweni angin kencang wangsul nempuh sakunjukan wilayah sleman, senin (9/1/2017) siyang. Sawilangan wit ambruk dipuntempuh angin. Setunggal dipunantawisipun kedadosan ing dusun bangunrejo tridadi sleman. Warga sekitar, kurniawan (32) ngendikakaken sekedhikipun enten gangsal wit sengon ukuran saweg ambruk.

"Wonten gangsal wit, kalih ngengingi atap griya uga setunggal ngengingi kandang," turene.
Kala niki sawilangan warga gotong-royong konjuk ngevakuasi pamitan kesebat.
 




Analisis teks :
Ø  
Unsur teks pawarta :                  5W + 1H

What (apa)               = Bencana alam udan lan angin kenceng ingkang    ngakibatkan puluhan wit ambruk kathah kedadosan ing   Kabupaten Sleman lan DIY
When (kapan)         = Kamis sonten, 5 Januari 2017
Where (di mana)     = Ing Kabupaten Sleman lan DIY
Who (siapa)              = Mayor Infantri Yacobus Totok Artono
Why (mengapa)      = Amargi Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang      nempuh hampir sedaya kabupaten/ kutha ing DIY
How (bagaimana)   = Udan dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/ kutha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten sleman, ngginemaken menawi dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit, mila upaya ingkang saget  piyambakipun tumindakake yaiku kaliyan numindakake pendataan lapangan.
Salajengipun, saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken
jemuwah enjang ngantos sonten.
Akhiripun, dinten niki (jemuwah) makempal 291 relawan saking kecamatan mlati.
Ø   Informasi wigatos :
1.    Udan dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/ kutha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten sleman
Ø    Informasi Ingkang leres :
1.    Dampak saking udan angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit
2.    Griya ingkang risak yaiku 45 omah ing kecamatan mlati uga 22 unit ing kecamatan seyegan
3.    Dampak jawah angin ing DIY paling kathah wonten ing kabupaten sleman ingkang kedhawah ing 28 titik, kutha Yogyakarta ing 5 titik, Kabupaten Bantul Ing 1 titik, Kabupaten Gunungkidul ing 4 titik, lan Kabupaten Kulonprogo 2 titik.
4.    Ing Kabupaten Bantul yakni ing piyungan Bantul, wit ambruk ngembruki kalih griya warga
5.    Ing Kabupaten Gunungkidul persis e ing Playen ugi ngalami wit ambruk.
6.    Warga sekitar, kurniawan (32) ngendikakaken sekedhikipun enten gangsal wit sengon ukuran saweg ambruk.
7.    Dinten (jemuwah) makempal 291 relawan saking kecamatan mlati
8.    kecatet konjuk ing kutha Yogyakarta yakni ing Gondokusuman, Jetis, uga Tegalrejo masing-masing ngalami wit ambruk uga kabel PLN ingkang pedot.
9.    Saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken ket jemuwah (6/1/2017) enjang ngantos sonten

Ø   Sumber Berita :

             

Cerita Cekak Bahasa Jawa

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur me...